Selasa, 07 Desember 2010

KISAH-KASIH TURNAMEN FUTSAL Jilid II

       23.00 tet,  @ Alamanda 14, 7 Des 2010 ( atise yung, bar udan)


       Setelah menunggu 4 jam lebih dari jam 1 ( NYUPORT KROCO PILEG FC sich?), karna jadwal BO-Child adalah jam 5 sore, tetapi mundur sampai setengah 6, akhirnya BO-child Tjilatjap FC masuk lapangan Futsal. kali ini melawan IKAPMAWI Banyumas...

BO-Child Tjilatjap FC vs IKAPMAWI Banyumas

Sebelum masuk lapangan sempet ada selentingan pertandingan ini akan di, $$$$$$$$$$$ sori, pindah basane dewek ndipit ya, sempet arep ditumpangi rongatus ewu, kana sing njaluk, tapi mbasa dipikir-pikir maning nang Manager Asep karo Fajri, mbok maine dadi ra sportif, lagian, sapa sing arep mbayar nek kalah???? ya mbok? mbok ya!!!

       Sedurunge sempritan di damu, biasa, sekang panitia gawe dokumentasi karo foto, ora ketinggalan official BO-Child sing jenenge ROY cah AMIKOM kae, karo sportere juga kaya kuwe, tapi ra motoni pemaine, motoni awake dewek malah?? starter pemaine kuwe, Wahib dadi kiper, fajri nang mburi karo gepeng, ngarep Budi karo Tony. menit awal Bo-Child langsung main agresif, langsung nekan, tapi maine ya esih monoton cara aku, ra pada operan koh? main bal jauh terus, lep der langsung meng kiper, arep crita anu kelalen lah prosese? babak 2 pekel mlebu ngganti Tony, nek ra salah, soale  tony lagi mandan mandul, ra kaya biasane trengginas, akeh kesempatan sing teka meng pakel jane, tapi rung bisa dimaksimalna dadi gol, ora papa kel, ngesuk maine luwih lepas maning kel, mlayune sing kebat, aja grogi lah yah? bet bet bet bae lah, kaya budi? ler! ler! ler! ler! ap kaya Fajri? der! der ! der! tapi seringe kena tiang gawang?

para pemain BO-Child Tjilatjap FC

      Angkat 5 jempol juga nggo Gepeng parkir, utawa Gepeng kesana-kesini, jempol tengah melu, men pas 5!! sing maine jos banget, gocekane lah, ra nguati banget, karo gole njaga daerahe, mantabe puol, cara aku gepeng jimate anu bando? nek ra nganggo bando ra bisa mlayu? Nah siki gari sing miki njaluk di sebutna nang artikel kiye sodara Wahib sang penjaga gawang, titik pertahanan terakhir BO-Child Tjilatjap FC, wis pada ngerti lah mbok? nek Wahib maine gyeh ra nanggung-nanggung, pokoke bres bae nek ana musuh, macem-macem rep mbobol gawange? reflek, postur dan powere juga ndukung banget deweke dadi kiper, ora nang latihan, ora nang turnamen? sering banget gyeh bocah dadi penyemangat, dadi penyelamat? ora rila gawange do bobol, paling males kon njiot bal nang gawange deweke? mulane nek lagi futsalan, aja nonton sandinge gawange Wahib, nek kebobolan, kowe gelem diiduni, sebagai ekspresi kekecewaanya? wkwkwkwkwkwk? mbalek meng turnamen maning, penyelamatan-penyelamatan cerdas sering banget kuwe nang Wahib, walaupun wis menang, pokoke ra rila ana bal mlebu aring gawange, sampe2 tiba menyat nang ngarep gawang rebutan karo lawan bolak balik bola? kuwe cah, sing marakna bocahan semangat, karo bangga banget nduwe kiper kaya Wahib, wis cukup rung hib gyeh crita nggo kowe? pokoke kowe kiper bermutu lah? Bermuka Tua? pokoke Wahib lah!!!jos gandos mlonos-mlonos?
Dari kiri : Fajri - Wahib - Budi - Tony

        Hasil akhir skore 7:2 kemenangan nggo BO-Child Tjilatjap FC, telung gol dicetak Fajri, 3  gol maning nang Budi, Tony nglengkapi kemenangan ngegolna siji. nang pertandingan kuwe, rasane puas banget, bisa pesta gol, sampekan esek tenggorokane melung2 nyemangati bocahan sing lagi main, pokoke gemblung-gemblungan lah gole mbloak? genah Kroco Pileg kes kalah 0:1, gari BO-Child mbantai 7:2? mbok bungaeh ra lumrah lah? tanggepane mas Fajri nang pertandingn mau kaya kiye, jane ujarku bar 3) mau rep main cantik, operan 22, 21, malah keasiken nyerang, bal sekang mburi langsung hajar meng kiper, genah anu pengin menang bocahan? mbok wis menang? berarti bocahan lagi haus gol? bener ra kuwe?
Euforia kemenangan
       Salut go BO-Child Tjilatjap FC sing wis bisa naklukna IKAPMAWI, trus langsung meng babak 16 besar, gari ketemu OBOY sekang Pemalang tapi ya campur karo Kebumenan? kpriwe kisah permainan kaki BO-Child lawan OBOY dina minggune? ngesuk maning tek entri, ok?

SALAM OLAH RAGA! SALAM SPORTIVITAS!!! PISSS
Kontributor: http://www.facebook.com/AsepLuvMom

Tidak ada komentar:

Posting Komentar