Kamar tanpa ekspresi,25 Desember ana Hajar lagi turu
Kelalen si tepate kapan? tapi sing genah waktu kuwe, aku karo Fajri mangkat meng markas niate ngancani pijet meng Bang Mamoth, soale Fajri sikile mandan kesleo. tapi mbasa sekang kana ana sing ngalihna niat, jane si ora, ngelalen!!! nang kamare Toni, ana barang bunder kluwer-kluwer temempel nang tembok, ana anak panaeh, kaya tulup-tulupan lah, tapi nek tulup kan di damu yah? kiye mah di balangna kaya tombak? apa jal jenenge? ana bunderana nang njero bunderan kuwe, samben bunderan ana angkane, apling njaba angkasiji, paling njero sanga, tengah malah langka nomere, mukur cet abang tok?