Jumat, 24 Desember 2010

TULUP-TULUPAN

                                                                                Kamar tanpa ekspresi,25 Desember ana Hajar lagi turu

Kelalen si tepate kapan? tapi sing genah waktu kuwe, aku karo Fajri mangkat meng markas niate ngancani pijet meng Bang Mamoth, soale Fajri sikile mandan kesleo. tapi mbasa sekang kana ana sing ngalihna niat, jane si ora, ngelalen!!! nang kamare Toni, ana barang bunder kluwer-kluwer temempel nang tembok, ana anak panaeh, kaya tulup-tulupan lah, tapi nek tulup kan di damu yah? kiye mah di balangna kaya tombak? apa jal jenenge? ana bunderana nang njero bunderan kuwe, samben bunderan ana angkane, apling njaba angkasiji, paling njero sanga, tengah malah langka nomere, mukur cet abang tok?

           Fajri ketone bungah banget njajal dolanan kuwe, nyengir kethek terus koh? lah pokoke kaya uthi-uthi ketemu mbelek lah?wkwkwkwkwk, njajal-njajal, keterusen, akhirenantang meng bocahan, aku sih pede bae, wong anu Fajri nembe dolanan, aku kan wispernah? ya ora ketang mukur ping pindo? ya mbok? mbok ya,,,,,,,,,,,. akhire diputusna pertandingan tulup-tulupan! karo nunggoni pertandingan MU vs ARSENAL kayane luh?pesertane Asep, Toni, Fajri, ukuman go sing kalah push up ping 15? ail lah pokoke? mamoth
wektu kuwe rung melu? esih pesbukan.
Akhire, pertandingane dimulai, pertandingan pertama rame banget lah? Fajri ora dinyana koh? tepat terus nang angka, 9,7,8,6, paling apes 2 be anu sepisan thok? singmandan kelimpungan Si Tuan Kamar, alias Toni Pilak?Ora tau pas nang pertamane? anasing 3 lah, 4, 2, malah ana sing kosong? wkwkwkwk, aku ya melas jane luh ndelengna raine?nek aku pertamane jos koh? 9,9,7, ana kosonge sepisan, alias temanceb nang tembok?deleng bae nganah, tembok kamare dadi akeh leng semute? tapi dasare Toni pancenJiwane, jiwa kompetisi yah? apa bae dadi kompetisi, ana gaple lah, ana pokeran lah? ra gelem ngalah koh? maklumlah, cah olah raga sih?akhire nang terakhiran Toni  tulupe temanceb nang angka sing mandan duwur, 8 karo nem?
Sewelas tulupan sing diagendakna wis rampung, gari ngitung skor akhir, sing diitung aben kesempatan kuwe sing paling duwur angkane, kan ana 3 tulup yah? nah,sekang 3 kuwe sing angkane paling duwur temanceb ang buderan sing ana angkane mau yakuwe sing di itung? Ayo! kita berhitung! tambah-tambahan lah pokoke? hasile cukup mencengangkan? wouw? basa jawane apa lah? Fajri 78, sekang 11 kesempatan, berarti nek digawe rata-rata, temempel nang angka 7 lah ? aku mah wis pede, wong Toni tulupane pating tlingsup ra nggenah? tapi mbasa diitung yah???? mbasa diitung yah? pisan maning lah, mbasa diitung yah? nilaine? nilane, nilane? Asep 51? Toni, pira jal? pira? pira? salahhhhhhhhhhhhh? sing bener Toni jumlahe 52? kacek siji thok jal? mangkeli banget mbok? JANSYEM!!!!! PUSH UP PING 15!!!ra apa? fair play lah aku pokoke, tapi bar-barane  tangane ail koh?wkwkwkwk
     Nang pertandingan selanjute, sodara Mamoth, melu! ya rame juga sih, tapi sekang  10 kesmpatan, fajri lagi mandan elek, jumlahe mukur 52? sing menang malah Toni, 57? sing kalah Mamoth 48? Nek aku 54, dadi sing push up kiye mamoth? nembe melu je? kon push up? tapi Mamoth licik banget? masa push up, bokonge thok sing umed-umed? nang pertandingan selanjute, ana tambahan aturan, sing angkane paling setitik push up karo heleman, sing ke loro push up thok? singkat bae ya? mbok kedawan, hasil akhire Asep push up nganggo helm ping 15? Toni Tuan kamar ora heleman?
Siki meng pertandingan terakhir, utawa kepapat, nang kene jos-jos banget?  sekang 15 kesempatan sing direncanakna, toni Tuan rumah gawe gempar? tepat nang angka 10, dadi sesuai kesepakatan, sing ora nang angka sepuluh nilane nang kesempatan kuwe nol? bocah 3 angkane nol kabeh? wkwkwkw, padahal pada gede-gede je? melaseh? hasil akhire? Asep 49? anu tangane wis ndledeg koh? pegel pus up terus? Mamoth 69? kaya nomer punggunge, Fajri 87, Toni 93? Asep push up ping 15 heleman, Mamoth ya heleman? sesuai perjanjian sing wis direvisi? wkwkwkwkwk?
Kuwe salah siji cara nggo ngakrabna antar anggota BO-Child Tjilatjap FC  mentambah saling kenal? walaupun 3 dina tangane esih pegel, ra masalah? tapi tek simpulna, Fajri pancen jos koh? dolanan apa bae bisa? Badminton, Takro, Voli, bal-balan maning? Tenis? ora ketang tulup-tulupan sing nembe ngrti ya menang koh? fajri thok sing ra kebagian Push up jal? sampe rikuh aring tuan kamare jere? malah sing nyanding kon push up? wkwkwkwk
          Jam tengah 3 golet mangan nang burjo rep nonton bal critane, aku mah nginstal Camfrog nang laptope Toni, akhire ra pada konsen nonto bal, malha pada nungguni aku nggolet sing lagi show? wkwkwkw, ra nemu2 akhire malah pada turu rung rampung babak pertama? ya wis aku dewekan sampe subuh sidane gole melek? Viruse Ayi nyebar meng Markas? wkwkwkwkwkwkwkw
Cukup semene sit, ngesuk disambung maning? kurang luwiha panganpurane ya? maturnuwun, wassalamualaikum

Kontributor : http://www.facebook.com/home.php#!/AsepLuvMom

Tidak ada komentar:

Posting Komentar