“kebersamaan untuk kejayaan”
![]() | ||
| BO-Child Tjilatjap FC |
Nang ngapa dijenengi Kroco Pileg ya genah sing main anu bocah-bocah kurimen, wkwkwkwk, jane ya ora, mukur awake cungkring-cungkring rap antes dadi pemain bal, ha ha ha ha, bercanda kawan, sing penting aja jotos-jotosan ya,,,,.
Lah, nek tim BO-Child Tjilatjap FC pancen isine sing Mandan ngatlit lah, jane ya anu wis dibagi rata rong tim kuwe bocahane, tapi nbasa wis kurang pirang ndina arep turnamen, bocahan Kroco Pileg sing diandalna, malah pada mudik, kabur ra ana kabar? Jan, syem. Kaya andri karo yoko, sing ndluhim banget nek kon ngebeki.
| Kroco Pileg FC |
Tereng ng ng ng ng ng ng, langsung meng lapangan, tanggal 27 main jam 2 kiper Kroco Pileg, sing jenenge Ndog,rung teka, mau jam 12 jre esih nang dokter, lagi priksa jre, nu Mandan ra fit. Tapi akhire teka pas banget arep main. Pemaine ngepas mukur cah 6, Ndog, Bobot, Indra, Zaky, Cuenk, Asep. Kendala nang luar lapangan ora mukur sekang kipper sing ra fit, kaya Bobot, sing kesandung skandal jepit, eh,,,, skandal kartu Identitas, jan lumayan gawe mumet, berkat officilal Tim Kroco pileg, beres lah, Bobot cah Lampung, tapi sekolah nang MAN Majenang, dadi sampe kuliah uripe ya esih karo kanca MAN. Jal nek Bobot wingi ra sida melu, ya anu ngepres kurang sidane, tapi genah Cuenk dadi penyelamat, hari terakhir di telp, Chuenk ngomong, Siaga 1!!!, anu Chuek ra tau latihan, jere ngepasi kuliah, sabar ya enk, ngesuk-ngesuk mbok jadwale ganti?wkwkwkwkwk
Set t t t t t t t t t, nang lapangan, Kroco Pileg, ketemu tim, apa yah? Kelalen, catetane nang bu bendahara koh, maine imbang jane, kipere malah maine lagi fit banget, apa kudu meng dokter gsit yah? Nek arep turnamen? Jane nek ana Andri apa Yoko bae lah, jane aku optimis bias menang lah 2:1, tapi genah langka kuwe bocah, akhire kalah 1:0, pancen anu ra ana sing ngtur serangan, dadi maine peting slebar ra nggenah, anu biasane maine mukur gari mangan bal, siki ra ana sing aweh bal? ya keteteran? Apa maning Asep? Lah maine srdag-srudug ra ngerti rembug, main ra ana limang menit, wis njaluk diganti? Cah apa si kaya kuwe? Cah mbrengkunung pancen kae?
Komentare Afan ndeleng permainane cah Kroco Pileg, dadi maine cah papat kuwe nang pojok kabeh? Ra ana sing nang tengah? Dadi tengah kosong? Mbuh anu pada nggolet tembukur, apa golet leng yuyu? Main futsal malah ndekem nang pojok? Wkwkwkwk. Tapi secara keseluruhan ya maine wis apik, itung-itung go nglatih mental karo go golet pengalaman, men jam terbange tambah lah, jere Wahib.
Salut nggo kanca-kanca sing wis berjuang nggawa jeneng Cilacap nang turnamen KEMANGGA CUP II antar mahasiswa ngapak, walaupun rung menang, tapi wis berjuang men Cilacap eksis nang dunia perfutsalan. Go berita tim BO-Child, tunggu bae nang artikel selanjute, wis sepet koh mripate?
“ kebersamaan untuk kejayaan, jaya karna bersama”
Sega ditum, kejagongan Ayi, Wassalamualaikum, selamat pagi
Gerbang Merah Alamanda 14, 23.00 5 Des 2010
kontributor : http://www.facebook.com/AsepLuvMom


nek gaya penulisane ra sistematis ngapunten ya? men rock 'n roll koh? sing penting ap jal? ya bener!! aja jotos-jotosan ya
BalasHapus